BANDINGAN – Peringatan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 80 taun niki dirayakaken kanthi meriah teng Desa Bandingan. Warga masyarakat, perangkat desa, lan sedaya komponen kompak ngleksanani macem-macem acara wiwit sasi Juli nganti puncake tanggal 25 Agustus 2025.
Acara puncake niki digelar kanthi pagelaran wayang kulit. Dalang kondang saking Kebumen, Ki Eko Suwaryo, didhawuhi nanggap pagelaran wayang kulit ingkang judul "BAWOR GUGAT". Pagelaran niki digelar teng Ruang Publik Joglo Gading Kencana Desa Bandingan, dipun sakseni ewonan warga saking desa Bandingan lan sekitar.
Kepala Desa Bandingan, Bapak Miswanto, ngaturaken maturnuwun dhumateng sedaya warga sing sampun melu-melu ngriungaken acara niki. "Acara wayang kulit niki dadi wujud syukur kita. Mugi-mugi, kanthi kamardikan niki, Desa Bandingan bisa langkung maju, tentrem, lan sejahtera," ngendikanipun Pak Miswanto.
Kesenian wayang kulit dipilih dadi sarana hiburan lan ajang kanggo nglestarekaken budaya. Ki Eko Suwaryo sing ahli maos lakon wayang, ngaturaken cariyos ingkang penuh makna. Para penonton, utaminipun kaum enom, katingal antusias.
Acara pagelaran wayang niki dadi pungkasan acara peringatan kemerdekaan Republik Indonesia. Mugi-mugi acara niki bisa dados kenangan manis lan nggugah semangat nasionalisme kangge sedaya warga. Dirgahayu Republik Indonesia! Merdeka!
Reporter: Tim Media Desa Bandingan.